Perang
Baratayuda Binangun njaluk tumbal
nyawa prajurit pirang-pirang. Gugure para prajurit ninggal rasa sedih, gela,
getun, nesu lan maneka rasa liyane. Ora mung golongane Pandhawa lan Kurawa,
nanging uga nyempyok prajurit negara telukane
Pandhawa lan Kurawa.
Arya Burisrawa putrane Prabu Salya
saka Mandaraka katut dadi kurbane perang kasebut. Patine Burisrawa ndadeake
Parbu Salya duka yayah sinipi.
Dukane disuntaake marang mantune yaiuke Adipati Karna. Krungu tembunge maratuwa
kang natoni ati, Adipati Karna
sanalika muntab. Keslomot atine banjur nganti nerak tata kramane peperangan, manawa
Perang Baratayuda diadani ing dina padhang, denen bengine kanggo ngrumat
prajurit kang gugur.
Wektune isih wengi Adipati Karna
nglumpukake prajurit raseksa saka negara telukane. Kanthi ngurubake obor
maewu-ewu nrajang papan paleremane
prajurit Pandhawa ing Randuwatangan.
Gegere perang wengi kuwi nganti keprungu para Pandhawa. Saka pekabaran sing ditampa manawa kang madeg senapati Adipati Karna, sanalika Janaka keslomot atine. Jalaran wis suwe ngenteni wektu kanggo perang tandhing ijen padha ijen. Nanging tata gelaring perang iku ana tatanane. Mula banjur taren marang pamonge Pandhawa yaiku Prabu Kresna.
Manut dhawuhe Prabu Kresna, Raden
Gathotkaca sing pantes maju dadi senapati perang, amarga duwe panyawang luwih
ing wanci wengi. Dene Raden Gathotkaca sing kawit bayi wis digladhi minangka prajurit uga bungah atine bisa winisudha minangka
senapati.
Gambar Raden Gathotkaca
Kacarita perang wengi iku prajurit
raseksa mungsuh raseksa. Kekarone nggawa pepati kang sapirang-pirang. Sudane
prajurit njalari Adipati Karna kena kanggo ngadhepi Gathotkaca ijen-ijen.
Adipati Karna nggunaake aji-aji Kalalupa kang dayane ngetoake tiron raseksoa
kembar sapirang-pirang saka epek-epeke. Gathotkaca nandhingi aji-aji Narantaka
kang saka epek-epeke ngetoake geni
ngalad-ndalad ngobong raseksa daden-daden. Swara buta pating glereng kaya singa
rebutan kidang ing wana.
Sang Adipati keseser perange banjur ganti tata gelar perang
kanthi numpak kreta perang Jatisura kang dikusiri Patih Hadimanggala Bebarengan
swaraning peperangan, Adipati Karna mburu dununge Gathotkaca, enggal ngunus
pusaka Kuntadruwasa. Sang Gathotkaca ngedhap weruh pusaka Kuntadruwasa kang
dadi pengapesane. Enggal mabur munggah ndhelik ing mega malang supaya ora
katon. Nanging karana agemane Radhen Gathotkaca kotang antrakusuma njalari
ngatonake sorot sanajan wengi peteng ndhedhet mula Adipati Karna ngerti
pandhelikane. Kuntadruwasa sigra dilepasake saka gendhewa ngener dhadhane
Gathotkaca.
Kocap pusaka mau ora bisa tumeka pandhelikane Gathotkaca.
Nanging perang iki, wis tumeka titiwancine Gathotkaca manjing kasuwargan,
pusaka kang ora tekan mau disaut sukmane
Paman Kalabendana. Pamane Gathotkaca iku ora manjing swarga yen ora bebarengan Gathotkaca. Kaget Gathotkaca
weruh tekane Kalabendana nggawa pusakan Kuntadruwasa.
“Ayo, anakku
Ngger, sliramu wis titi wancine, manuta tak kanthi tumuju kasuwargan. Wis suwe
olehku ngenteni wektune iki,” tembunge Kalabendana.
“Iya, Paman aku
ora cidra ing janji, nanging
sadurunge aku duwe panyuwunan.” Wangsulane Gathotkaca kelingan lelakon sedane
Kalabendana biyene.
“Apa, Ngger
panyuwunmu, gage mature?” alus
tembunge Kalabendana. “Patiku mengko, tibane ragaku nyirnaake prajurite mungsuh
kang akeh,” panjaluke Gathotkaca.
“Yoh, bakal keturutan penjalakmu, wis ayo dakgandheng menyang
suwarga loka bareng-bareng pun Paman.”
Pusaka Kuntadruwasa banjur diarahake
pusere Raden Gathotkaca kang ditampa mesem nampa pesthine wengi kuwi. Sukma
pisah saka ragane. Jumleger magenturan
swara ing antariksa mbarengi sedane Gathotkaca. Raga kemleyeng mlesat kaya tathit lan ngetokake hawa padas
satengahing Tegal Kurusetra. Raga tiba ngener kreta Jatisura pecah
sewalang-walang, kusir Patih Hadimanggala tiwas ing paprangan. Putrane Adipati
Karna yaiku Warsakusuma uga pralaya. Apa
bae kang kena sawabe Gathotkaca kobar ngetokake geni, lebur dadi awu. Ora kepetung cacahe barisane mungsuh kang ngemasi.
Kuwandhane Raden Gathotkaca ngaglah
ngebaki Tegal Kuru. Wengi iku Pandhawa kelangan prajurit kang peng-pengan yaiku Raden Gathotkaca,
tumungkul kabeh kang nguntabake sedane para tumbaling negara, minangka kusumaning bangsa.
Audio Gathotkaca Gugur versi bahasa Indonesia
Audio Gathotkaca Gugur versi Indonesia (google drive)
#BahasaJawa
#Kelas6SD
#GathotkacaGugur
Posting Komentar